Senin, 03 Maret 2014

TEMBUNG JAWI

Sumonggo dipun waos kanti panggalih ingkang asrep.Tembung “ roso ” iku ing basa Jawa nduweni teges kang jembar tibane. Tembung lingga “ roso ” bisa didhapuk dadi tembung andhahan werna-werna sing maknane uga werna-werna. Tembung-tembung andhahan mau upamane: ngrasakake, ngrasani, krasa, krasan, rerasan, rasakan, surasa.. Ing basa Jawa “roso ” iku ora mung ateges perasaan utawa emosi, nanging uga akeh gandheng-cenenge karo pamikir lan kesadaran. “Dirasak-rasakake” uga nduweni teges dipikir-pikir utawa ditimbang-timbang. Ora rasakan iku tegese ora landhep panggraitane. "roso rumongso " iku kesadharan marang awake dhewe kang ateges " kesadaran diri ". Ora ngrumangsani tegese ora nyadhari
 kahananing dhirine.

Ana tetembungan “OJO RUMONGSO BISO ning BISO-O RUMONGSO”. Dadi bisa rumangsa iku luwih becik katimbang rumangsa bisa, amarga rumangsa bisa iku durung mesthi bisa, dene bisa rumangsa iku tegese bisa nyadhari kahanane awake dhewe. Bisa rumangsa, bisa nimbang-nimbang, bisa ngukur lan mawas dhiri iku perlu supaya ing sabarang tumindak ora kebablasen. Wong sing ora bisa rumangsa tindak-tanduke sok kebablasen, amarga rumangsa apa bae bisa, ora diselarasake karo kahananing dhirine.

Sing isih dadi pitakon yaiku gandhenge tembung “rumongso” iku karo tembung “roso”. Apa “rumangsa” iku tembung “rasa” sing ora sisipan -um-? Yen “rasa” dadi rumangsa iku oleh sisipan -um- kayadene raja dadi rumaja, tindak dadi tumindak, rasuk dadi rumasuk, banjur saka ngendi asale swara itung (ng) ing tembung rumangsa? Sing asring kita prangguli pancen tembung “roso rumongso” dudu “
roso rumoso”. Kira-kira anane swara irung iku kanggo ngepenakake ucapan.

Roso lan pamikir iku pancen akeh gandheng-cenenge. Perasaan lan pikiran sok ora bisa dibedak-bedakake. Kabotan pikiran iku tegese roso susah amarga mikirake prekara sing angel diudhari. Mikir iku kramane manah, krama inggile menggalih, sing tegese ati, sing jarene dununge rasa.

Wong sing ora weruh ing rasa diarani ora rasakan. ora rasakan iku ora landhep "roso pangrosone", ora ngerti ing semu, kurang tanggap ing sasmita. Sifat kang kaya mangkono mau klebu sifat kang kurang becik. Sadhar dhiri, bisa mawas dhiri, bisa rumangsa iku mujudake pawitan kang perlu didarbeni dening wong sing padha olah batin. Marga ya mung sifat mau kang bisa nuntun marang kadiwasaning batin.

Mungguhing roso iku dalan tumuju marang kadiwasaning jiwo. Ora saben wong sing wis tuwa, sing wis akeh umure, mesthi bisa''mikani roso. Wong iku sanajan wis tuwa pikun, yen ora mikani roso, samangsa neng pasrawungan yo mung tansah gawe isin utowo wirang marang slirane dhewe. Lereeeeeeeeeeessss??Salam - Gatotkoco juga.... siswa pemula sing lagi belajar " biso rumongso "...
Bayu Laras Adji

Tidak ada komentar:

Posting Komentar